Pengetan Ambalwarsa Dinten Kamardikan Republik Indonesia Ingkang kaping 63

Assalamu’alaikum wr. wb.

Ibu Guru SMP Negeri 1 Godean ingkang minulya, soho para kadang kelas 9 a ingkang kula hormati.sumangga kita tansah munjukaken puji soho sukur dumateng Gusti ingkang maha mirah lan maha asih ingkang paring karohmatan dateng kula panjenengan sami. Dene kita sedaya sampun pinaringan kabagaswarasan kawilujengan kalis sing sedaya rubeda
Para kadang ingkang nggadahi jiwa patriot. Sampun minangka kewajiban kita bilih wonten ing dinten kamardikan negari kita Indonesia. Pengetan menika kedah kita uri – uri awit dinten kamardikan minangka pratelan bangsa Indonesia sampun uwal saking penjajah. Mila wonten ing dinten kamardikan menika kita minangka generasi penerus ingkang bade nglajenganken nyepeng pemerintahan Indonesia ing semangkih, kita sedaya dipun suwun supados nggadahi semangat pejuang kados dene poro pahlawan ingkang sampun belo negari, injih meniko kanthi wujud sinau ingkang mempeng, olahraga ingkang saged mbangun jiwa raga kita, saha kedah nebihaken pengaruh ingkang saged ngrisak generasi muda ingkang boso monconipun “say no to drug”. Ingkang artosipun kita kedah anti narkoba supados negari kita saged kita jagi kejayaanipun. Mekaten menika piwelingipun saking para sepuh dumateng kita sedaya, wonten ing pengetan ambalwarsa kasebat.
Mekaten ingkang saged kula aturaken kirang langkungipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum.

Komentar